Jumat, 25 September 2009

TOMBO ATI 1

Lagek sepisan
Lungguh jejer karo walikota Batam
Iki bukan urusan penggawehan
Opo maneh urusan kedinasan, pemerintahan
Wah.... adoh tenan....

Aku wong awam
Temangsang neng Batam
Golek sandang pangan
Ngrebut cukup mergo netepi kwajiban

Sholat Isya' di shaf terdepan
Ambune brang-breng wangi tenan...
(Sak naliko dadi kelingan Pak Hamam)
Minyak wangine larang
Bukan produk lokalan
Bedo karo lehku tuku
Neng emperan Masjid Baiturrahman
Sepuluh ewunan....
Bakule kathok'e joglang...
Nek sholat mekangkang,
Tangane ndaplang2 ting telalang
Pasang kuda-kuda
Koyo arep maju perang
Oalah kanggggg...kangggg
Pendekar karipan

Pas tahiyyat
Cincine pak wali kelap-kelap
Cemplorot koyo kilat
Konsentrasiku melu mak'lap..
Hilang sekejap...
Khusukku ilang
Nganti imame salam

Gusti.. kang murbeing dumadi
Anti negosiasi...
Busono luar negeri
ambune wangi...
Ali-aline gedi-gedi
Nganti koyo tessy
Ra perduli....!
Walikota, Gubernur, Presiden...
Mbok ben...!
Jabatan, kedudukan...
Ra urusan...!

( Bersambung......)

1 komentar:

  1. Mowo papat ning gunung Merapi, Sedoyo lepat nyuwun agunging pangaksami....!!!!

    BalasHapus