Jumat, 25 September 2009

MBAKYU SUMINI

Awas yu....
Sampeyan tegel karo aku
Sambel wayu, tok bagehke aku...
Jare aku tok anggep sedulurmu..
Terlalu....

Pendak sore, aku mesti blonjo rene
rego piro2, oke-oke wae...
Nek urusan pangan
aku ratau ngenyang
Sorry.. aku wong lanang
Mesti tak bayar kontan,
jongasi aku ngutang

Gara-gara sambel kecut,
marakke brat-bret, ngentat ngentut...
Bola bali mlebu metu kolah
mergo wetenge sebah..
oalahhhh,
Sumini pancen parahhhhh

Masalahe ora mung kuwi
Sholat tarwih ki aku sing ngimami
Nek wetenge ragelem kompromi
karepe ngejak neng mburi...
wahhh.... blai...
Mosok sholat tarwih di pending
Gara gara imame ngising.......

Iki sasi poso
rakeno murko, mggresulo...
opo maneh ngondo liyo
Rapopo yu... wes tak ngapuro..
meski bodone rung teko
Aku tetep isih moro
blonjo ge buko
Pindang presto,
Sop kambing,kulupan
Bumbune pas tenan..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar